MASJID MINANGKA PANGREKSA SEMANGAT KAMARDIKAN
Masjid Ingkang Makmur, Bangsa Ugi Badhe Makmur
- Reza Bakhtiar R.
Khutbah Kapisan
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: اِنَّمَا يَعْمُرُ مَسٰجِدَ اللّٰهِ مَنْ اٰمَنَ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْاٰخِرِ وَاَقَامَ الصَّلٰوةَ وَاٰتَى الزَّكٰوةَ وَلَمْ يَخْشَ اِلَّا اللّٰهَ ۗفَعَسٰٓى اُولٰۤىِٕكَ اَنْ يَّكُوْنُوْا مِنَ الْمُهْتَدِيْنَ
.
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Minangka khatib, kula ngaturaken wasiyat dhateng pribadi kula piyambak saha dhateng panjenengan sedaya, sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah Ta’ala kanthi temenanan nglampahi sedaya dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun.
Takwa boten namung kawujud lumantar pangucaping lathi utawi pangaken ing salebeting manah kemawon, nanging ugi kedah katingal cetha wonten ing lampahing gesang padintenan, sae punika lumantar sikap taat dhumateng Allah, jujur, amanah, gadhah rasa preduli dhumateng sesami, saha kanthi temen-temen nguripi lan makmuraken griyaning Allah, inggih punika masjid-masjid. Takwa punika ingkang dados sangu ingkang paling utami tumuju gesang ingkang langgeng. Kados dene pangandikanipun Allah Ta’ala:
وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
Lan padha nggawaa sangu, satemene sangu ingkang paling sae punika yaiku takwa. Lan padha takwa’o marang Ingsun, he wong kang podo nduweni akal budi. (QS. Al-Baqarah 197)
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Insya Allah, boten dangu malih bangsa kita badhe mengeti lan ngrayakaken Dinten Ambal Warsa Kamardikan Republik Indonesia. Pengetan punika tansah dados pangeling-eling saha piwulang tumrap kita sedaya babagan perjuangan ingkang panjang saking para leluhur bangsa. Kanthi kebak keikhlasan, piyambakipun sampun ngurbanaken bandha, tenaga, wekdal, malah dumugi jiwa raga, supados bangsa Indonesia saged uwal saking belenggu panjajahan.
Minangka umat Islam, kita pitados bilih kamardikan punika minangka salah satunggaling nikmat ageng ingkang dipunparingaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mila, sampun dados kuwajiban tumrap kita kangge tansah ngaturaken rasa syukur dhumateng Allah, kados dene ingkang dipunfirmanaken dening Alloh Ta’ala;:
لَئِنْ شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ
Menawi siro kabeh tansah ngaturaken syukur, mesthi Ingsun badhe nambahi nikmat dhateng siro kabeh. (QS. Ibrahim [14]: 7)
Nanging mekaten, wonten satunggaling pitakenan ingkang prayogi kita renungi sesarengan: Kados pundi cara kita mujudaken raos syukur awit kamardikan punika?, Punapa sampun cekap namung kanthi masang Gendera Merah Putih saha umbul-umbul wonten ngajeng griya, ndherek maneka warni lomba, utawi nganakaken rerangkening upacara lan pahargyan kemawon?
Mesthi kemawon wangsulanipun dereng cekap.
Minangka umat Islam, rasa syukur dhumateng nikmat kamardikan kedah dipunwujudaken kanthi ikhtiyar ingkang langkung dhasar, inggih punika mbangun masyarakat ingkang takwa, gadhah ngelmu, saha ngugemi budi pekerti ingkang luhur. Salah satunggaling upaya kangge nggayuh prekawis punika inggih kedah ngiyataken kalenggahan strategis masjid.
Masjid boten namung satunggaling bangunan kangge nindakaken shalat. Masjid punika papan kangge mbentuk pribadinipun manungsa. Saking manungsa ingkang sae badhe tuwuh kulawarga ingkang sae, saking kulawarga ingkang sae badhe kawangun masyarakat ingkang sae, lan saking masyarakat ingkang sae badhe lair bangsa ingkang santosa.
Pramila, menawi kita ngersakaken njagi lan ngreksa kamardikan bangsa punika, salah satunggaling ikhtiyar ingkang paling utami inggih punika ngrembakakaken lan makmuraken masjid, awit masjid punika bentengipun umat Islam.
Kados dene pangandhikan Syekh Muhammad Nawawi al-Bantani wonten ing Kitab Nashā’ihul ‘Ibād, bilih Ka’ab al-Akhbar nyariyosaken:
الْحصُون لِلْمُؤْمِنِينَ مِنَ الشَّيْطَانِ ثَلَاثُ : المَسْجِدُ حِصْنٌ وَذِكْرُ اللَّهِ حِصْنٌ وَقِرَاءَةُ القُرْآنِ حِصْنٌ
Utawi benteng tumrap tiyang-tiyang ingkang iman saking godhaning setan punika wonten tigang prakawis, inggih punika masjid, dzikir dhumateng Allah, saha maos Al-Qur’an.
Amargi masjid gadhah kalenggahan ingkang strategis minangka benteng tumrap umat Islam, mila ngrembakakaken lan makmuraken masjid punika sampun dados satunggaling kawajiban. Lumantar masjid, kita saget ngiyataken iman saha takwa, saengga saged paring sumbangsih tumrap kamakmuran bangsa lan negara. Allah Ta’ala negesaken wonten ing Qur’an:
إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَاجِدَ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَآتَى الزَّكَاةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا اللَّهَ ۖ فَعَسَى أُولَٰئِكَ أَنْ يَكُونُوا مِنَ الْمُهْتَدِينَ
Satemenipun ingkang makmuraken masjid-masjidipun Allah namung para tiyang ingkang iman dhateng Allah lan dinten akhir, ngedegaken shalat, ngelampahi zakat, sarta boten ajrih kejawi namung dhumateng Allah. Mugi-mugi tiyang-tiyang punika kalebet golongan ingkang pikantuk pitedah. (QS. At-Taubah [9]: 18)
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Ayat punika boten dipunwiwiti kanthi nerangaken babagan bangunanipun masjid, nanging malah ngandharaken sinten tiyang ingkang makmuraken masjid. Prakawis punika nedahaken bilih kamulyaning masjid boten namung dipuntetepaken dening megahipun arsitektur utawi endahipun rerenggan, nanging langkung dipuntetepaken dening kuwatipun iman para tiyang ingkang ngurip-uripi masjid punika.
Makmuraken masjid boten namung ateges ngedegaken shalat berjamaah, nanging ugi nglestantunaken dzikir, tilawah Al-Qur’an, majelis ilmu, mbina para mudha minangka generasi penerus, nglampahi layanan sosial, saha ngiyataken ukhuwah Islamiyah wonten ing satengahing masyarakat.
Mila saking punika, masjid boten namung dados papan kangge nglumpuk sawetawis wekdal saben dinten, nanging dados pusat pambinaan umat ingkang nglairaken manungsa-manungsa ingkang imanipun kukuh saha akhlakipun mulya. Saking masjid ingkang gesang badhe tuwuh masyarakat ingkang santosa, lan saking masyarakat ingkang santosa badhe lair bangsa ingkang kiyat. Pramila, masjid gadhah kalenggahan ingkang sanget wigati minangka pangreksa lan pangiyat semangat kamardikan bangsa.
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Manawi kita nyinau sejarah Islam, temtu kita badhe manggihi piwulang ingkang sanget aji lan kebak hikmah. Nalika Rasulullah ﷺ nindakaken hijrah saking Makkah tumuju Madinah, bangunan ingkang sepisanan dipun bangun dening Panjenenganipun dudu benteng pertahanan, sanes ugi pusat padagangan utawi kantor pamarentahan. Nanging ingkang langkung rumiyin dipun bangun inggih punika masjid, ingkang sapunika dipunmangertosi kanthi asma Masjid Quba. Sasampunipun dumugi ing Madinah, Rasulullah ﷺ ugi ngedegaken Masjid Nabawi.
Pilihan punika temtu wonten maknane. Rasulullah ﷺ kersa nedahaken dhateng kita bilih mbangun masyarakat kedah dipun wiwiti kanthi mbangun manungsanipun rumiyin, dene mbangun manungsa punika dipun wiwiti saking masjid.
Masjid Nabawi boten namung dados papan kangge nindakaken shalat. Ing papan punika Rasulullah ﷺ ndidik para sahabat dados pribadi-pribadi ingkang gadhah iman ingkang kukuh, kawruh ingkang wiyar, akhlak ingkang mulya, saha gadhah rasa preduli dhateng sesami.
Saking masjid punika lair Sayyidina Abu Bakar Ash-Shiddiq ingkang misuwur awit kajujuranipun, Sayyidina Umar bin Khattab ingkang kondhang kanthi kaadilanipun, Sayyidina Utsman bin Affan ingkang misuwur kanthi kedermawananipun, Sayyidina Ali bin Abi Thalib ingkang pinunjul kawruhipun, saha para sahabat sanesipun ingkang salajengipun nyebaraken cahya Islam dumugi ing maneka warni papan ing salumahing bumi.
Kanthi tembung sanes, peradaban Islam punika lair saking masjid. Masjid dados pusat pendhidhikan, papan musyawarah, papan ngladosi kabutuhan sosial, papan ngrampungaken prakawis-prakawis masyarakat, malah ugi dados papan nyusun strategi kangge ngadhepi maneka warna tantangan umat.
Pramila, menawi masjid makmur, umat ugi badhe makmur. Nanging kosok balinipun, manawi masjid sampun kelangan jejibahanipun minangka pusat pambinaan umat, mila umat ugi badhe kelangan arah..
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Prinsip ingkang sami ugi saged kita tingali wonten ing lampahing sejarah bangsa Indonesia. Sejarah nyatet bilih masjid lan pesantren sampun gadhah peran ingkang sanget ageng anggenipun nuwuhaken semangat tresna dhateng tanah air saha njagi kamardikan bangsa.
Saking mimbar-mimbar masjid, para ulama sampun paring piwulang bilih mbela tanah air, inggih punika papan ingkang maringi kalenggahan dhateng umat supados saged nglampahi agaminipun kanthi tentrem lan aman, kalebet salah satunggaling tanggel jawab ingkang mulya.
Nalika jaman perjuangan kamardikan, masjid dados papan nyawijikaken masyarakat, papan kangge ngiyataken mental lan spiritual, papan rembagan, saha papan kangge nuwuhaken kawigaten kangge ngadhepi maneka warni reribet lan tantangan.
Para santri lan ulama boten namung ndidik umat supados sregep ngibadah, nanging ugi nanduraken nilai-nilai keikhlasan, persatuan, rela berkorban, saha raos tanggel jawab dhumateng bangsa lan nagari.
Nilai-nilai punika ingkang ndadosaken perjuangan kamardikan boten namung kasurung dening semangat kebangsaan kemawon, nanging ugi dipunlandhesi dening kesadaran agami. Kamardikan dipunmangertosi minangka nikmat ageng saking Allah ingkang kedah dipunjuwangaken, dipunreksa, lan dipunlestantunaken.
Pramila, nalika kita mlebet wulan sasi Agustus saha nyawisaken dhiri kangge mengeti Dinten Kamardikan Republik Indonesia, boten cekap menawi kita namung ngenang jasa para pahlawan. Kita ugi kedah pitaken dhateng dhiri kita piyambak: “Punapa kita sampun saestu njagi lan nglestantunaken warisan perjuangan punika?”.
Njagi kamardikan ing jaman samenika mesthi benten kaliyan nalika jaman panjajahan. Rumiyin para pejuwang ngasta bambu runcing saha gegaman kangge ngusir penjajah. Dene perjuangan kita ing jaman samenika inggih punika nglawan kabodhoan, kamlaratan, korupsi, penyalahgunaan amanah, permusuhan, penyalahgunaan teknologi, narkoba, saha maneka warna tindak tanduk ingkang saged nglemahaken bangsa.
Sedaya tantangan punika boten saged dipun atasi namung kanthi pranatan utawi kakiyataning hukum kemawon. Bangsa punika mbutuhaken manungsa-manungsa ingkang imanipun kukuh, jujur, amanah, disiplin, saha gadhah raos preduli dhumateng sesami. Lan pribadi-pribadi kados mekaten punika dipun bentuk lumantar pambinaan ing masjid.
Pramila Allah Ta’ala paring pangandikan:
الَّذِينَ إِنْ مَكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ أَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ وَأَمَرُوا بِالْمَعْرُوفِ وَنَهَوْا عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَلِلَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ
Inggih punika tiyang-tiyang ingkang menawi Ingsun paringi kalenggahan lan kakiyatan wonten ing bumi, piyambakipun ngedegaken shalat, ngelampahi zakat, dhawuh nindakaken kabecikan (amar ma’ruf), sarta nyegah saking sedaya kemungkaran (nahi mungkar). Lan namung dhumateng Allah piyambak sedaya prakawis badhe wangsul. (QS. Al-Hajj [22]: 41)
Ayat punika paring piwulang dhateng kita bilih menawi Allah maringi katentreman, kakiyatan, saha kalodhangan dhateng satunggaling bangsa, mila kuwajiban ingkang sepisanan kedah dipuntegakaken inggih punika shalat, zakat, amar ma’ruf, lan nahi mungkar. Sedaya nilai luhur punika tuwuh lan dipun lestantunaken lumantar masjid.
Kajawi punika, masjid ugi mulangaken babagan persamaan drajat lan persaudaraan. Wonten ing masjid boten wonten bédaning kalenggahan. Tiyang sugih jumeneng seshaf kaliyan tiyang miskin. Para pejabat jejajar kaliyan rakyat biasa. Sedaya sami ngadhep kiblat ingkang sami, saha sami sujud dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Esa.
Pramila, nilai-nilai kesetaraan punika boten namung dipun lampahi nalika wonten ing salebeting masjid kemawon, nanging kedah kita bekta medal dhateng gesang bebrayan, supados dados dhasar anggenipun mbangun masyarakat ingkang rukun, adil, guyub lan makmur.
Jamaah shalat Jum’ah rohimakumulloh,
Wonten mapinten-pinten piwulang ingkang saged kita pendhet saking andharan babagan masjid lan semangat kamardikan punika.
- Manawi kita tansah ngreksa shalat berjamaah wonten ing masjid, satemenipun kita saweg ngiyataken pondasi moral bangsa.
- Manawi kita sregep rawuh wonten ing majelis ilmu, satemenipun kita saweg nyarengi umat dados langkung pinter lan wicaksana.
- Manawi kita mulangaken Al-Qur’an dhateng para lare, satemenipun kita saweg nyiapaken generasi penerus bangsa ingkang imanipun kukuh.
- Manawi kita remen bersedekah lan tetulung dhumateng sesami lumantar masjid, satemenipun kita saweg ngukuhaken paseduluran.
- Manawi kita ngreksa ukhuwah Islamiyah saha nebihi fitnah lan pasulayan, satemenipun kita saweg njagi kamardikan bangsa saking ancaman perpecahan.
Pramila, kamardikan ingkang kita raosaken ing dinten punika prayoginipun dados panyengkuyung tumrap kita sedaya supados saya remen nguripi lan makmuraken masjid, sanes malah saya tebih saking masjid. Awit, masjid ingkang makmur badhe nglairaken masyarakat ingkang santosa, dene masyarakat ingkang santosa badhe dados benteng ingkang kukuh tumrap jejegipun Nagari Kesatuan Republik Indonesia.
Mugi-mugi masjid-masjid kita tansah dados pepadhang ingkang madhangi masyarakat, dados papan lairipun generasi ingkang takwa dhumateng Allah, jembar ngelmunipun, luhur budi pekertinipun, saha ngugemi katresnan dhumateng agami lan tanah air.
Kanthi mekaten, kamardikan ingkang sampun dipun warisaken dening para leluhur boten namung kita raosaken paedahipun, nanging ugi kita isi kanthi amal saleh lan kebecikan, saha kita warisaken dhateng para generasi ingkang badhe tumeka kanthi kaanan ingkang langkung sae, langkung mulya, lan langkung makmur.
أقول قولي هذا، وأستغفر الله العظيم لي ولكم ولسائر المسلمين من كل ذنب، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم
Khutbah Kapindo
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ.
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ.
عبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ