KAMULYANING AKHLAK KUNCI KABAGYAN DONYO AKHIRAT
Oleh: Karmin, M. SI
السلامعليكم ورحمة الله وبركا ته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
أما بعد، فيا عباد الله، أوصيكم ونفسي بتقوى الله، فقد فاز المتقون.
Para jamaah Jum’at ingkang kinurmatan dening Allah SWT.
Sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan iman, Islam, saha sehat, satemah kita saged nglampahi ibadah Jum’at wonten ing dinten menika. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, kulawarga, para sahabat, saha para umatipun ingkang setya ngugemi sunnahipun.
Kaula wasiyat dhateng diri kula piyambak lan dhumateng panjenengan sedaya, sumangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah SWT kanthi nglampahi sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun.
Allah SWT ngandika:
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ
“Satemene wonten ing dhiri Rasulullah punika tuladha ingkang sae tumrap panjenengan sedaya.” (QS. Al-Ahzab: 21)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Akhlakul karimah inggih punika budi pekerti ingkang luhur, ingkang medal saking iman lan takwa. Wong ingkang gadhah akhlak mulya badhe tansah jujur, amanah, andhap asor, sabar, remen ngapura, remen tetulung, saha njagi lisan saking tembung ingkang boten sae. Rasulullah ﷺ ngendika :
إنما بعثت لأتمم مكارم الأخلاق
“Satemenipun kula dipun utus namung kangge nyampurnakaken kamulyaning akhlak.” (HR. Ahmad)
Ing jaman samenika, kathah tiyang ingkang gadhah ngelmu inggil, bandha kathah, lan teknologi ingkang majeng. Nanging menawi boten dipun iringi akhlak ingkang sae, gesangipun boten badhe tentrem lan tebih saking berkahipun Allah.
Pramila, sumangga kita miwiti ndandosi akhlak saking diri piyambak, lajeng kulawarga, lan masyarakat. Awit akhlak ingkang sae punika dados kunci kabagyan gesang wonten ing donya saha dados sebab angsal ridhanipun Allah ing akhirat.
Para jamaah Jum’at ingkang kinurmatan.
Sumangga kita sedaya ngudi supados dados pribadi ingkang berakhlakul karimah. Dados tiyang ingkang jujur nalika makarya, amanah nalika ngemban tanggel jawab, lembah ma nah nalika sesrawungan, saha remen ngapura lan tetulung dhateng sesami.
Rasulullah ﷺ ngendika:
أكمل المؤمنين إيمانًا أحسنهم خلقًا
“Mukmin ingkang paling sampurna imanipun inggih punika ingkang paling sae akhlakipun.” (HR. Abu Dawud lan At-Tirmidzi)
Mugi-mugi kanthi akhlak ingkang mulya, kulawarga kita dados kulawarga sakinah, masyarakat dados tentrem, lan bangsa kita dados bangsa ingkang dipun berkahi Allah SWT. Mugi kita sedaya kalebet umat ingkang angsal syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ.
اقول قولي هذا، وأستغفر الله العظيم لي ولكم، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم
Khutbah Kaping kalih.
الحمد لله حمدًا كثيرًا طيبًا مباركًا فيه كما يحب ربنا ويرضى، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمدًا عبده ورسوله.
أما بعد، فيا عباد الله، اتقوا الله حق تقاته، ولا تموتن إلا وأنتم مسلمو
اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات، والمسلمين والمسلمات، الأحياء منهم والأموات.
اللهم ارزقنا حسن الأخلاق، وحسن العمل، وحسن الخاتمة.
اللهم اجعلنا من عبادك الصالحين، واجعل أبناءنا وذرياتنا من أهل الإيمان والتقوى.
ربنا آتنا في الدنيا حسنة، وفي الآخرة حسنة، وقنا عذاب النار.
وصلى الله على سيدنا محمد، وعلى آله وصحبه أجمعين.
إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذي القربى، وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي، يعظكم لعلكم تذكرون.ولذكر الله أكبر، والله يعلم ما تصنعون.
Disusun
Karmin Paif KUA Mantrijeron