KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA
“LARANGAN NGGOLEKI KESALAHAN WONG LIYA”
Oleh : LUTFI, S.Pd.I
Khutbah Pertama
الحَمْدُ لِلّٰهِ أَوَّلًا وَالحَمْدُ لِلّٰهِ أَخِرًا وَالحَمْدُ لِلّٰهِ مُسْتَغْرِقُ المَحَامِدِ كُلِّهَا. وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللّٰهِ العَلِيِّ العَظِيْمِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الحَاثِّ عَلٰى طَاعَةِ الكَرِيْمِ الغَفَّارِ، النَّاهِي عَنِ اتِّبَاعِ الهَوَى وَالنَّفْسِ وَالشَّيْطَانِ وَكُلِّ ضَارِّ. وَعَلٰى آلِهِ السَّادَةِ الأَطْهَارِ وَأَصْحَابِهِ الأَخْيَارِ الأَبْرَارِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مُوْقِنٍ بِتَوْحِيْدِهِ، مُسْتَجِيْرٍ بِحَسَنِ تَأْيِيْدِهِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدِنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ الْمُصْطَفَى، وَأَمِيْنُهُ الْمُجْتَبَي وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى كَافَةِ الْوَرَى أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللّٰهِ اِتَّقِ اللّٰهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعِ السِّيِّئَةَ الْحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى: بِسْمِ اللّٰهِ الرّٰحْمَنِ الرّٰحِيْمِ، وَالْعَصْرِ إِنَّ الإنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ إِلَّا الَّذِیْنَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya
Alhamdulillah, puji syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Gusti ingkang nguwaosi jagad raya. Shalawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam, dhumateng kulawarga, para sahabat, saha sedaya pendherekipun ingkang setya dumugi akhir zaman. Ing dinten Jumat ingkang kebak berkah punika, khatib wasiyat dhumateng para hadirin sedaya, langkung-langkung dhumateng dhiri pribadi, mangga kita tansah njagi saha ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Kados ingkang sampun kita mangertosi, taqwa punika gadhah kalih perangan ingkang wigatos. Sepisan, nindakaken sedaya perintah syariat. Kaping kalih, nebihi sedaya awisan syariat. Perkawis punika kados ingkang dipunandharaken dening Imam Ghazali wonten ing kitab *Bidayatul Hidayah*:
اعْلَمْ أنَّ لِلدِّيْنِ شَطْرَيْنِ، أحَدَهُمَا: تَرْكُ المَنَاهِي، والآخَرُ: فِعْلُ الطَاعَاتِ.. وتَرْكُ المَنَاهِي هُوَ الأَشَدُّ؛ فَإِنَّ الطَّاعَاتِ يَقْدِرُ عَلَيْهَا كُلُّ وَاحِدِِ، وتَرْكُ الشَّهَوَاتِ لاَ يَقْدِرُ عَلَيْهِ إِلاَّ الصِّدِّيْقُوْنَ
Artosipun, “Mangertosana bilih agami punika gadhah kalih unsur wigatos: ingkang sepisan inggih punika nilar sedaya wujud awisan, lan ingkang kaping kalih inggih punika nindakaken ketaatan. Lan nilar awisan punika ingkang paling awrat. Amargi, nindakaken perintah punika saged dipunlampahi dening sinten kemawon, nanging nilar syahwat namung saged dipunlampahi dening tiyang-tiyang ingkang estu pados ridhanipun Allah.”
Awit saking punika, umat Islam boten namung dipunwajibaken nindakaken menapa ingkang dipunperintahaken syariat. Ingkang boten kalah wigatosipun, umat Islam ugi dipuntuntut njagi sedaya anggota badan saking sedaya awisan syariat. Kita dipunperintahaken njagi lathi supados boten ngendika ingkang awon, boten nyacat tiyang sanes, boten mbikak aib tiyang sanes, saha boten nyakitaken manah sedherek kita kanthi pangandikan utawi tumindak.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya
Sesarengan kaliyan majengipun teknologi lan informasi, wonten pakulinan enggal ingkang sansaya kathah ing tengahing masyarakat, inggih punika remen ngumbar aib lan kakiranganipun tiyang sanes. Perkawis punika boten namung kadadosan wonten ing sebagian media, nanging ugi dipunparahaken dening prilakunipun manungsa ing padatanipun, langkung-langkung lumantar media sosial. Dinten punika, gampil sanget tiyang mbikak aibipun sesami, nguncalaken tuduhan, pados-pados kaluputanipun tiyang sanes, nyebaraken, malah ndadosaken punika minangka bahan geguyon. Asring sanget sedaya punika dipunlampahi tanpa rumaos bahayanipun. Padahal Allah Subhanahu Wa Ta’ala sampun nglarang tumindak punika kanthi cetha wonten ing firman-Ipun:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ
Artosipun: “He wong-wong kang padha iman, nebihna kathah prasangka! Saktemenipun sebagian prasangka punika dosa. Sampun sami pados-pados kaluputanipun tiyang sanes lan sampun wonten ing antawis panjenengan sedaya ingkang nggunjing sebagian ingkang sanes. Punapa wonten ing antawis panjenengan ingkang remen nedha daging sedherekipun ingkang sampun pejah? Temtu panjenengan sami rumaos jijik. Padha taqwaha dhumateng Allah! Saktemenipun Allah Maha Panampi Tobat malih Maha Asih.” (QS. Al-Hujurat: 12)
Wonten ing Tafsir Jami’ul Bayan, Imam At-Thabari njlentrehaken bilih makna “Wa laa tajassasu”, ingkang artosipun “Sampun sami pados-pados kaluputanipun tiyang sanes”, inggih punika larangan keras saking Allah dhumateng tumindak saling ngintip, nyelidiki, lan pados aibipun tiyang sanes. Tumindak punika kalebet dosa amargi nedahaken sikep ingkang boten ngajeni lan nyampur-adukaken urusan pribadi ingkang boten prayogi.
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya
Salaras kaliyan larangan Allah Subhanahu Wa Ta’ala punika, Rasulullah Shallallahu ‘Alaihi Wasallam ugi nglarang umatipun pados-pados lan ngumbar aibipun tiyang sanes. Panjenenganipun sabda:
إِيَّاكُمْ وَالظَّنَّ فَإِنَّ الظَّنَّ أَكْذَبُ الْحَدِيثِ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا تَحَسَّسُوا وَلَا تَبَاغَضُوا وَكُونُوا إِخْوَانًا
Artosipun, “Nebihna saking panjenengan sedaya prasangka, amargi prasangka punika ungkapan ingkang paling goroh. Lan sampun sami pados-pados aibipun tiyang sanes, sampun sami nyebaraken kebencian lan dadosa panjenengan sedaya sedherek.” (HR al-Bukhari)
Awit saking punika, mangga kita usaha langkung fokus kangge ndandosi dhiri pribadi. Kados dene kita boten remen menawi aib kita dipunbikak lan dipunumbar dening tiyang sanes, mekaten ugi sakmestine sikep kita dhumateng aib sedherek kita. Sampun gampil mbikak, nyebaraken, utawi ndadosaken kakiranganipun tiyang sanes minangka bahan guneman. Baginda Nabi Muhammad Shallallahu ‘Alaihi Wasallam sabda:
وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا, سَتَرَهُ اَللَّهُ فِي اَلدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ
Artosipun: “Sinten kemawon ingkang nutupi aibipun tiyang Islam, Allah badhe nutupi aibipun wonten ing donya lan akhirat.” (HR Muslim)
Hadirin jamaah Jumat ingkang minulya
Kita sedaya punika manungsa ingkang boten kenging dipunwastani suci saking noda dosa lan kaluputan. Saben tiyang tamtu gadhah kakirangan, kekhilafan, lan aib. Menawi Allah Subhanahu Wa Ta’ala ngetingalaken sedaya aib kita, saestu kita boten badhe sanggup ngangkat sirah wonten ing ngajengipun sesami manungsa. Mila, menawi kita ningali utawi mireng aib sedherek kita ingkang sifatipun pribadi, wajib kagem kita kangge nutupi, sanes nyebaraken. Menawi panci wonten kemaslahatan kangge paring pitutur, mila paringana pitutur kanthi pribadi, sekawan mripat, kanthi cara ingkang sae lan kebak welas asih. Kosok wangsulipun, mangga kita sibukaken lathi lan pikiran kita kanthi kathah istighfar kagem dhiri pribadi, sanes nggunem utawi mikiraken kaluputan lan aibipun tiyang sanes. Amargi, piwalesipun Allah jumbuh kaliyan amal tumindakipun hamba-Ipun. Nalika kita nutupi aib tiyang sanes, Allah badhe nutupi aib kita. Nanging, nalika kita mbikak aib tiyang sanes, Allah saged mbikak aib kita, senadyan kita wonten ing griya piyambak. Mekaten khutbah ingkang cekak punika. Mugi-mugi khutbah punika mupangat kagem kita sedaya. Mugi Allah Subhanahu Wa Ta’ala ngapunten sedaya dosa, kaluputan, lan kekhilafan kita. Amin ya Rabbal ‘alamin.
.أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدَنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.فَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ.رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَيَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ