Khutbah Bahasa Jawa
“Mbangun Kulawarga ingkang Dipun Kersakaken Swarga”
Oleh: Nizam Zulfa, S.Ag.
Khutbah Pertama
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أَصْحَابِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ.أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ، أُوصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ، وَقَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ) :يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.(
Jamaah Salat Jum’at ingkang dipun rahmati Allah,
Mangga kita tansah ningkataken takwa dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala, kanthi nglampahi sedaya dhawuh-Nipun lan nebihi sedaya larangan-Nipun. Takwa boten namung katingal saking kathahipun ibadah ingkang kita lampahi, nanging ugi saking kesungguhan kita anggenipun ngemban amanah ingkang dipun paringaken dening Allah. Salah satunggaling amanah ingkang paling ageng inggih punika amanah mbangun lan ndhidhik kulawarga.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Saben tiyang mesthi nggadhahi pangajeng-ajeng supados kulawarganipun gesang kanthi tentrem lan bingah. Kita nyambut damel kanthi temen supados kabutuhan kulawarga saged kacukupan. Kita ugi ngupadi pendhidhikan ingkang sae kangge putra-putri, lan ngarep-arep supados ing tembe dados tiyang ingkang sukses lan migunani.
Nanging, minangka umat Islam, ancas gesang kita boten namung ngupadi kabagyan wonten ing donya kemawon. Kita kepengin kulawarga ingkang kita bangun dados kulawarga ingkang pikantuk rahmat Allah wonten ing donya, lan mugi-mugi dipun kumpulaken malih wonten ing swarga-Nipun.
Pramila, kulawarga boten namung dados papan kangge sesarengan lan ngaso. Nanging kedah dados papan kangge nandur iman, akhlak, lan nilai-nilai Islam. Omah kedah dados papan ingkang ndadosaken tentreming manah, kebak katresnan, lan ndadosaken sedaya anggota kulawarga tansah langkung celak dhumateng Allah Subhanahu wa ta’ala
Allah Subhanahu wa ta’ala ngandika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا…
“He para tiyang ingkang pitados, padha njaganen awakmu lan kulawargamu saking siksa neraka.” (QS. At-Tahrim: 6)
Ayat punika ngélingaken dhateng kita bilih tugas tiyang sepuh boten namung nyambut damel lan ngupadi nafkah. Nanging kita ugi kagungan tanggel jawab ingkang langkung ageng, inggih punika njagi iman, ibadah, lan akhlak kulawarga supados tansah lumampah wonten ing margi ingkang dipun ridhai Allah. Sampun ngantos kita kasil ndadosaken anak sukses wonten ing donya, nanging malah kesupen mbimbing piyambakipun tumuju kabagyan akhirat.
Jamaah Jum’at ingkang kinurmatan Allah,
Omah punika madrasah utawi sekolah ingkang kapisan kangge putra-putri kita. Sakderengipun tepang kaliyan guru wonten ing sekolah, piyambakipun sampun sinau rumiyin saking bapak lan ibunipun. Anak-anak mirsani kados pundi tiyang sepuhipun guneman, tumindak, ngrampungaken perkawis, saha nglampahi ibadah. Sedaya punika badhe kasimpen wonten ing manahipun lan dados dhasar pambentukan watak saha pribadinipun.
Pramila, pendhidhikan ingkang paling manjur boten namung awujud pitutur, nanging langkung-luwih lumantar tuladha. Anak saged kemawon lali kaliyan pitutur ingkang dipun aturaken, nanging boten gampil lali kaliyan tindak tanduk tiyang sepuhipun.
Kita ugi kedah éling bilih anak-anak kita wonten ing sekolah namung watara enem dumugi wolung jam saben dinten. Sasampunipun punika, piyambakipun wangsul malih dhateng griya. Tegesipun, wekdal ingkang paling kathah dipun lampahi sesarengan kaliyan kulawarga. Mila sampun ngantos kita namung nuntut guru supados mbentuk akhlak anak, dene wonten ing griya piyambakipun boten manggih tuladha ingkang sae saking tiyang sepuhipun.
Menawi kita kepengin anak remen salat, mila kita kedah langkung rumiyin njagi salat. Menawi kita kepengin anak jujur, mila kita kedah miwiti saking kejujuran kita piyambak. Menawi kita kepengin anak remen maos Al-Qur’an, mila Al-Qur’an kedah dados bageyan saking gesang kulawarga kita.
Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ..
“Saben panjenengan punika pemimpin, lan saben pemimpin badhe dipun suwuni tanggel jawab tumrap tiyang ingkang dipun pimpin..” (HR. Bukhari lan Muslim)
Hadis punika ngélingaken bilih bapak lan ibu punika pemimpin wonten ing kulawarga. Ing ngajengipun Allah mengko, ingkang dipun pitaken boten namung babagan pegaweyan lan bandha, nanging ugi kados pundi kita mbimbing kulawarga ingkang dipun amanahaken dhateng kita.
Allah Subhanahu wa ta’ala ugi ngandika:
وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلَاةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا ۖ لَا نَسْأَلُكَ رِزْقًا ۖ نَحْنُ نَرْزُقُكَ ۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَى
“Prentahana kulawargamu supaya nglakoni salat lan sabaren anggonmu nglampahi. Ingsun ora nyuwun rezeki marang sira, nanging Ingsun kang bakal maringi rezeki marang sira. Lan pungkasan kang becik iku kagungane wong-wong kang padha takwa.” (QS. Thaha: 132)
Saking ayat punika kita saged sinau bilih Allah langkung rumiyin maringi dhawuh supados kita mbimbing kulawarga nglampahi salat, lajeng Allah maringi jaminan bilih rezeki punika dados kuwajibanipun Allah. Punika ateges, sampun ngantos kesibukan nyambut damel ndadosaken kita kesupen ndhidhik kulawarga. Awit kulawarga ingkang celak kaliyan Allah mesthi badhe pikantuk berkah wonten ing gesangipun.
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Wonten satunggaling maqalah ingkang misuwur lan dipun nisbataken dhateng Sayyidina Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu:
أَدِّبُوا أَوْلَادَكُمْ لِغَيْرِ زَمَانِكُمْ، فَإِنَّهُمْ خُلِقُوا لِزَمَانٍ غَيْرِ زَمَانِكُمْ
“Didiken putra-putri panjenengan miturut zamane, awit piyambakipun dipun ciptakaken kangge ngadhepi zaman ingkang beda kaliyan zaman panjenengan.”
Maqalah punika ngemot piwulang ingkang sae sanget. Saben zaman nggadhahi tantanganipun piyambak. Rumiyin tiyang sepuh kuwatos menawi anakipun klentu milih kanca. Saiki, “kanca” saged mlebet lumantar telepon genggam ingkang saben dinten dipun genggem. Rumiyin pengaruh ala kedah dipun padosi wonten njawi griya. Saiki, sedaya punika saged mlebet lumantar media sosial, tontonan, dolanan, lan maneka warni informasi ingkang boten sedaya nggawa kabecikan.
Pramila, ndhidhik anak ing zaman samenika boten cekap namung nyukupi pangan, sandhang, papan, utawi pendhidhikan formal. Anak-anak langkung mbutuhaken rawuhipun tiyang sepuh minangka kanca, papan crita, papan nyuwun pamrayogi, lan ingkang paling wigati dados tuladha ingkang sae. Ajaklah putra-putri kita rembugan, tuntun migunakaken teknologi kanthi wicaksana, biyasakna salat berjamaah, maos Al-Qur’an, lan tanemna katresnan dhumateng Allah saha Rasul-Nipun.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Sumangga kita miwiti saking perkawis-perkawis ingkang prasaja. Dadosna griya kita papan ingkang nyaman kangge ngibadah. Biyasakna ngaturaken salam nalika mlebet griya, sami ngajeni, sami ngapunteni, ngluangaken wekdal kangge sesarengan kaliyan kulawarga, saha tansah silih ndongakaken. Sampun ngantos griya kita megah bangunanipun, nanging sepi saking dzikir dhumateng Allah. Sampun ngantos kulawarga kita katingal rukun wonten ing ngajengipun manungsa, nanging tebih saking tuntunan agama.
Mugi Allah Subhanahu wa ta’ala paring rahmat dhateng kulawarga kita sedaya, ndadosaken kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, wa rahmah, paring pasangan saha putra-putri ingkang saleh lan salehah, dados penyejuking manah wonten ing donya, lan mugi Allah nglumpukaken kita sedaya kaliyan kulawarga wonten ing swarga-Nipun. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُولُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللَّهَ الْعَظِيمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
Khutbah Kedua
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ
أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه
أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ
عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
https://docs.google.com/document/d/1P5Pyfm-xoLRuQRKjaJC2S4P3p7Gro_jYFF6ogGwYQso/edit?usp=sharing