Khutbah Jumat

Khutbah Jumat : Kabegjan Kanthi Rahmatipun Allah SWT

Kabegjan Kanthi Rahmatipun Allah SWT
Dening :  Jafar Arifin

 

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كثيرًا طَيِّبًا مُبَارَكًا فِيهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنا وَيَرْضَى، وَأَشهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ عَظِيمٌ في رُبُوبيَّتِهِ وَاُلُوْهِيَّتِهِ وَأَسْمَائِهِ وَصِفَاتِهِ، حَكِيمٌ فِي مَقَادِيرِهِ وَأَحْكَامِهِ، وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُوْلُهُ اللّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ، وعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَالتَّابِعِينَ لَهُمْ بإحْسِانٍ إِلَى يَوْمِ لِقَائِهِ. أمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرْونَ رَحِمَكُمُ اللهُ ، أُوْصِيْكُمْ وَإيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فاَزَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ تَعَالى : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن

Jama’ah Jum’at rahmikumullah,

Monggo kito tansah muji pangalembana dhumateng Gusti Allah, wonten ing kahanan punapa kemawon, kanthi nindakaken sedaya perentah lan nebihi sedaya awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kabegjan saking ngerso Gusti Allah Ta’la. Sholawat sarto salam tansah kaaturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluargo lan sohabatipun ingkang sampun paring tupo tuladha kesaenan dhumateng kito sami, supados saget ndherek lan anut tindak lampah kesaenanipun.   Mugi kita katetepna dados umatipun, sahingga pikantuk syafangatipun ing dinten Kiyamat.

Sumangga kita ambudiaya aningkataken iman saha taqwa dhumateng Allah SWT kanthi ngestoaken sedaya dhawuhipun, nindakaken sedaya perentahipun lan anebihi sedaya awisanipun.

Jama’ah Jum’at rahmikumullah,

Setunggaling tindak lampah ingkang kedah dipun anut nggih punika mboten kapegot utawi nglokro dhumateng rahmate Gusti Allah. Gusti Allah dhawuh:

 قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ اللهِ ۚ إِنَّ اللهَ يَغْفِرُ الذُّنُوبَ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ

Tegsipun: “Ngucapo siro Muhammad, Hei kawulo Ingsun ingkang padha ngeliwati wates awake, aja padha putus asa siro kabeh seka rahmate Gusti Allah, saktemene Gusti Allah iku Dzat kang ngapuro duso sekabehane, saktemene Gusti Allah akeh pengapuro lan welas asih” (QS. Az-Zumar:53)

Ayat punika negesaken bilih sinten kimawon ampun ngantos putus asa sinahoso kathah duso, keranten tiyang ingkang nggadhah duso lan keluputan bakal dipun ngapuro selagine mboten badhe rumangsa keputus saking rahmate Gusti Allah.

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Rahmate Gusti Allah punika ngeliputi sedaya alam, sedaya makhluk. Setunggale hadits riwayat Muslim nyebataken:

أَنَّ امْرَأَةً بَغِيًّا رَأَتْ كَلْبًا فِى يَوْمٍ حَارٍّ يُطِيفُ بِبِئْرٍ قَدْ أَدْلَعَ لِسَانَهُ مِنَ الْعَطَشِ فَنَزَعَتْ لَهُ بِمُوقِهَا فَغُفِرَ لَهَا

Artosipun: “Siji dina ana wong wadon nakal ningali asu ngelak ing tengah rina. Asu niku muteri sumur krana jaluk ngombe, lajeng wong wadon niku nyopot sepatune lan maringi tuyo saking sumur kagem asu, mongko duso wong wadon iku dipun apuro” (HR. Muslim)

Hadits punika paring piwucalan bilih rahmate Gusti Allah kagem sinten kemawon, sinahoso tiyangipun gadah duso kados dene wadon lacut wonten hadits kasebat. Kunci utamenipun kedah mboten angsal putus asa ingatase rahmate Gusti Allah. Kedah kito mangertosi, rahmate Gusti Allah saget dipun raosaken kanthi ati ingkang sae lan telaten anggenipun ngelampahi pendamelan ing alam dunyo. Kadosto petani ingkang telaten nandur pari niku saget ngeraosaken rahmate Gusti Allah nalikane mupuk, sabar ngeramut ngantos panen pari. Sedaya upaya awit nandur ngantos panen punika kalebet nggayuh rahmate Gusti Allah.

Rahmate Gusti Allah mboten saget dipun raosaken kaliyan tiyang ingkang sampun nggadah ati putus asa dhateng Gusti Allah. Kamongko ati ingkag kados mekaten dipun larang, keranten saget ndadosaken olone panyana sehinggo tebih saking Gusti Allah. Menawi kedadosan mekaten, mongko setan bakal mareki tiyang ingkang putus asa, Naudzubillah. Pramila, mangga kito semangat nggayuh rahmate Gusti Allah, mboten putus asa lan nebihi panyana olo marang Gusti Allah. Keranten pagesangan wonten dunyo lan amal ibadah ingkang mboten dipun sarengi rahmate Gusti Allah mongko bakal cilaka lan kapitunan.

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Kito sedaya sampun sumerap bilih saksampunipun sholat asring dipun anjuraken maos dungo sapu jagat, nggih punika:

 رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Tegesipun: “Dhuh Gusti, kula nyuwun dhumateng Panjenengan kebegjan ing dalem dunyo lan akhirat, lan kula nyuwun dipun tebihaken saking siksa neraka. (Al-Baqarah, 201)

Keranten dungo punika dungo ingkang asring dipun waos Kanjeng Nabi. Kados kasebat ini Setunggale hadis :

عَنْ عَبْدِ الْعَزِيزِ وَهُوَ ابْنُ صُهَيْبٍ قَالَ سَأَلَ قَتَادَةُ أَنَسًا أَيُّ دَعْوَةٍ كَانَ يَدْعُو بِهَا النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَكْثَرَ قَالَ كَانَ أَكْثَرُ دَعْوَةٍ يَدْعُو بِهَا يَقُولُ اللَّهُمَّ آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Tegesipun: “Ibn Suhaib ceriyos bilih Qotadah tanglet dhateng Anas, pundi dungo ingkang sering dipun waos Kanjeng Nabi, piyambake (Anas) jawab, Kanjeng Nabi maos dungo Allahumma atina fid dunya hasanah wa fil akhiroti hasanah wa qina adzabannar” (HR. Muslim).

Saking katerangan hadis punika sampun jelas nggayuh kabegjan ugi kesaenan wonten dunya lan akherat niku penting sanget, luwih-luwih kesaenan niku lumeber ngantos putra wayah kito sedaya. Ugi sampun dijelasaken sinten kemawon nindaaken amal kesaenan bakal dipun wales kelawan ganjaran ingkang ageng kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah dawuh:

 مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ

Tegesipun: ” Sapa wonge ngelakoni amal kang apik, seka wong lanang utawa wadon kanthi iman, mongko yekti bakal Ingsun paringi kanggo dheweke pagesangan kang apik lan Ingsun paringi piwales kelawan ganjaran kang luweh apik ketimbang apa wae  kang dheweke lakoni.” (QS an-Nahl: 97).

Jamaah Jumat ingkang dipun rahmati Allah,

Carane nggayuh kabegjan ugi kesaenan wonten dunya lan akherat niku antawisipun: Sepisan,    Sabar ingatase taat ngelampahi perintahe Gusti Allah,  ngadhepi musibah, pikantuk nikmat lan sakpitunggalane.  Kaping pindho,    Syukur kelawan ucapan lan tindakan ingatase sedaya nikmat saking Gusti Allah ingkang sampun diparingaken dhumateng kita sedaya. Kaping tiga,    Ikhlas nalikane ngibadah dhumateng Gusti Allah, ugi mboten pamer. Kaping sekawan,    Ridlo utawi nampi takdir ingkang sampun dipesthini kaliyan Gusti Allah. Kaping gansal, Tawakkal utawa masrahaken sedaya urusan dhumateng Gusti Allah sak sampune ikhtiar.

Saestu bilih rahmatipun Allah tansah tumanduk marang kawulanipun ingkang tansah damel kesanenan. Kados dhawuhipun Allah SWT :

وَلَا تُفْسِدُوْا فِى الْاَرْضِ بَعْدَ اِصْلَاحِهَا وَادْعُوْهُ خَوْفًا وَّطَمَعًاۗ اِنَّ رَحْمَتَ اللّٰهِ قَرِيْبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِيْنَ

Tegesipun : Lan sira aja padha gawe karusakan ana ing bumi, sakwise den bagusi bumi iku, lan padha nyuwuna kanthi rasa khawatir lan pangarp-arep. Saktemene rahmate Allah parek marang wong kang gawe kebagusan.” (QS. Al-A’raf : 56)

Pramilo, mangga kito sareng-sareng cancut taliwondo nggayuh lubering rahmat saking Allah SWT, supados saget kalebet tiyang ingkang pikantuk kabegjan lan kesaenan wonten dunyo lan akhirat. Amiin

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ . وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ  وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ . فَاسْتَغْفِرُوْا إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah Kapindho

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى،  وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ,  اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا, اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَعَلَى  اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ ؛ اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً، سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ ؛ اَللَّهُمَّ نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَاوَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاالْاِيْمَانِ وَلَاتَجْعَلْ فِي قُلوبِنَاغِلاًّ لِّلَّذِيْنَ اَمَنُوْارَبَّناَاِنَّكَ رَؤُوْفُ الرَّحِيْمُ، رَبَّنَاظَلَمْنَااَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَالَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ، رَبَّنَااَتِنَافِي الدُّنيَاحَسَنَةً وَفِي الاَخِرَةِحَسَنَةًوَقِنَاعَذَابَ النَّارِ،وَالْحَمْدُللهِ رَبِّ العَالَمِينَ

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ . فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ

Leave a Reply