Khutbah Jumat

KEBANGKITAN SAKING KAWONTENAN INGKANG AWON

KEBANGKITAN SAKING KAWONTENAN INGKANG AWON
Surahmat An-Nashih, S.Ag., M.S.I[1]

Khutbah I

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهٗ۝

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِالْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ۝ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهٗ لَاشَرِيْكَ لَهٗ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ لَا نَبِيَّ وَلَا رَسُوْلَ بَعْدَهٗ۝ اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى حَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلٰى أٰلِهٖ وَأَصْحَابِهٖ أَجْمَعِيْنَ۝ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِيْمَكُمُ اللهُ أُوْصِيْنِيْ وَ إِيَّاكُمْ بِتَقْوَاللهِ، وَاتَّقُوْااللهَ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ۝ وَاسْمَعُوْا قَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ – أَعَوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ – يَا أَيُّهَاالَّذِيْنَ أٰمَنُوااتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَاتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ۝

.Sagung para sedherek jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah.

Mugi Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala tansah paring ridha lan barakah dhumateng kula panjenengan sedaya, tansah njagi sehat lan bahagia kula panjengengan sedaya, sarta nglestantunaken kawilujengan, keslametan, imam lan Islam kula panjengengan sedaya wiwit donya punika dumugi ing suwarga mbenjang. Amin ya rabbal ‘alamin.

Syukur lan pangalembana mugi konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala, Dzat ingkang Maha Mirah lan Maha Asih. Panjenengan ipun sampun kepareng paring rahmat, taufiq saha hidayah dhumateng kula panjenengan sedaya. Kanthi rahmat punika kula panjenengan sedaya saged nglampahi gesang punika kanthi lelampahan pangibadahan dhumateng Panjenengan ipun, sae ingkang arupi ibadah mahdhah menapa ibadah ghairu mahdhah. Mugi sedaya punika tinampi minangka ngamal shalih ingkang dipun ridhani. Amin ya rabbal ‘alamin.

Sagung para sedherek rahimakumullah.

Keparengna kula minangka khatib ngaturaken khutbah kanthi irah-irahan “Kebangkitan Saking Kawontenan Ingkang Awon”. Pangajab kula khutbah punika saget angwengkuhaken semangat lan tekad kula panjenengan sedaya anggenipun nggayuh panggesangan ingkang sae lan nebihi kawontenan ingkang awon punika ingkang saget anjalari awonipun panggesangan.

Kawontenan ing gesang punika asring gilir gumanti. Wonten kalanipun kula panjenengan mapan ing puncak kesuksesan, nanging saget ugi kula panjenengan kedah ngraosaken dhawah lan terpuruk ing kawontenan ingkang awon. Kawontenan awon punika saget mawerni-werni wujud ipun, kadosta wonten babagan: sandhang, pangan, papan panggenan, pendidikan, lan sak pinunggalanipun. Mungguhipun tiyang ingkang iman sedaya punika minangka cecobi saking Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala ingkang kedhah dipun tampi kanthi sabar lan kanthi sumendhe dhumateng Panjenengan ipun, sahingga kula panjenengan tetep angadhahi kekiyatan kagem bangkit tumuju kawontenan ingkang sae.

Para sedherek, Agami Islam sampun maringi pangudhar (solusi) kados pundi caranipun bangkit saking kawontenan ingkang awon punika. Wondene pangudhar punika saget dipun pertela aken kados mekaten:

Ingkang sepisan: nampi kasunyatan

Nampi kasunyatan punika wigatos sanget. Jalaran kanthi punika kula panjenengan dipun tebihaken saking raos susah, gela, utawi kepara nglokro pedhot ing pengajeng-ajeng (putus asa). Kanthi nampi kasunyatan punika kula panjenengan saget tetep nggadhahi longgaripun manah lan pengajeg-ajeng dateng rahmat ipun Gusti Allah Ta’ala. Jumbuh kalian kalian dhawuh pangandikan ipun Gusti Allah Ta’ala wonten ing Al-Qur’an:

لَا يُكَلِّفُ اللّٰهُ نَفْسًا  إِلَّا وُسْعَهَا …… ۝

Artosipun:

Panjenengan ipun (Gusti Allah) ora paring cecoba marang kawula nipun kejaba miturut kekuatan panyanggane wong iku …… (QS :  2.Al-Baqarah : 286)

….. وَلَا تَا۟يْـَٔسُوْا مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ، إِنَّهٗ لَا يَا۟يْـَٔسُ مِنْ رَّوْحِ اللّٰهِ  إِلَّا الْقَوْمُ الْكٰفِرُوْنَ ….. ۝

Artosipun:

…. Lan sira kabeh ojo padha pedhot pengarep-arep saka rahmat ipun Gusti Allah. Sak yekti ora ana kang pedhot pengarep-arep saka rahmat ipun Gusti Allah kejaba wong-wong kang padha kafir…… (QS :  12.Yusuf: 87)

Ingkang angka kalih: manggihaken malih pangajeng-ajeng lan tujuwan

Kebangkitan asring dipun awiti saking pangajeng-ajeng. Wonten ing Agami Islam, pengajeng-ajeng punika mboten sanes nggih namung dhateng rahmat peparingipun Gusti Allah Ta’ala. Jalaran namung Panjenengan ipun iangkang sak estu ngedalaken kula panjenengan saking kawontenan ingkang awon, terpuruk, utawi kepara cures tumuju dhateng panggesangan ingkang sae lan mulya. Kados dhawuh pangandikan ipun:

اَللّٰهُ وَلِيُّ الَّذِيْنَ  أٰمَنُوْا يُخْرِجُهُمْ مِّنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ …… ۝

Artosipun:

Panjenengan ipun Allah punika minangka waline wong-wong kang padha iman, Panjenenganipun ngedal ake wong-wong iku saka pira-pira pepeteng tumuju marang sak wijining cahaya …… (QS :  2.Al-Baqarah : 287)

 Ingkang angka tiga, mbudi daya kanthi tekun lan istiqomah

Bangkit saking kawontenan awon temtu mboten saget dipun gayuh kanthi proses instan. Bab punika mbetahaken wekdal ingkang kepara dhangu, mbudi daya kanthi tekun lan istiqomah. Sedaya punika kedah dipun awiti kanthi nindhaaken perkawis-perkawis ingkang alit, lan ugi dipun lampai wiwit wekdal sak punika ugi. Mboten perlu nengga mangke utawi mbenjang. Kados pun dhawuh pangandikanipun Gusti Allah Ta’ala:

وَلَا تَقُوْلَنَّ لِشَا۟يْءٍ إِنِّيْ فَاعِلٌ ذٰلِكَ غَدًا ۝ إِلَّا اَنْ يَّشَاءَ اللّٰهُ …… ۝

Artosipun:

Lan sira ojo ngandhaake ing sak wenehing perkara “sak temene aku arep nglakoni ini sesuk”, kejaba sira iku ngucap ake “insyaallah”…… (QS :  18.Al-Kahfi : 23-24)

 وَسَارِعُوْا إِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ  وَالْأَرْضَ، أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ ۝

Artosipun:

Lan sira padha enggala tumuju marang pangapuranipun Pengeran-sira kabeh lan tumuju marang suwarga kang jembare kaya sak jembare pira-pira lagit lan bumi kang dicawisake tumrape wong-wong kang padha taqwa. (QS :  3.Ali Imran : 133)

Ingkang angka sekawan, mbangun kekiyatan kanthi tulung-tinulung

Kebangkitan, langkung-langkung kebangkitan masyarakat, umat lan bangsa mboten saget namung dipun gayuh piyambak-piyambak. Kedah wonten gotong-royong tulung-tinulung antawis ipun setunggal tiyang kalih sanes-sanesipun, antawis setunggal keluwarga kalih keluwarga-keluwarga sanesipun, antawis warga masyarakat setunggal lan sanes-sanes ipun. Ateges kebangkitan punika dados tanggel jawab sesarengan sedaya pribadi, keluwarga, masyarakat, lan umat. Jumbuh kalian dhawuh pangandikanipun Gusti Allah Ta’ala:

وَ تَعَاوَنُوْا  عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ، وَلَا  تَعَاوَنُوْا  عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ …… ۝

Artosipun:

Lan sira padha tulung-tinulunga ing atase kebecikan lan taqwa, lan ojo sira pada lung-tinulungan ana ing perkara tumindak dosa lan memungsuhan ……. (QS :  5.Al-Maidah : 2)

Ingkang angka gangsal, andadosaken sabar lan shalat minangka sarana pitulungan

Kebangkitan mboten namung mbetahaken ikhtiar lahiriayah, ananging ugi ikhtiyar batiniyah. Sak perangan saking ikhtiyar batiniyah ingkang paling penting injih punika andadosaken sabar lan shalat minangka sarana pitulungan. Pitulungan ingkang pun kersak aken njih punika pitulungan ipun Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Kados dhawuh pangandikanipun:

يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ،  إِنَّ اللهَ مَعَ الصّٰبِرِيْنَ ۝

Artosipun:

Hei wong-wong kang sira kabeh wus padha iman, sira padha mundhuta pituunganipun Gusti Allah kanthi sabar lan shalat, sak yekti Gusti Allah tansah nyertani para wong kang sabar.  (QS :  2.Al-Baqarah : 153)

Para sedherek, kanthi pangertosan kala wau kula panjenengan ugi mbetahaken nasihat saking sedherek sanesipun, njih punika kagem njagi kesbaran. Kados dhawuh pangandikanipun Gusti Allah Ta’ala:

إِلَّا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا  وَعَمِلُوا  الصّٰلِحٰتِ  وَتَوَاصَوْا بِالحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ ۝

Artosipun:

(Kabeng wog iku nandang kapitunan) kejaba wong-wong kang dhewekne padha iman, padha ngamal-ngamal shalih, lan seneng padha paring nasihat ana ing pekara kang bener lan perkawa kesabaran. (QS :  103.Al-Ashr : 3)

Sak sanesipun kesabaran, kula lan panjenengan ugi kedah tansah njagi shalat.

Wonten bab punika Gusti Allah Ta’ala paring pangandika:

حَافِظُوْا عَلَى الصَّلَوٰتِ وَالصَّلٰوةِ الْوُسْطٰى وَقُوْمُوْا لِلّٰهِ قٰنِتِيْنَ….. ۝

Artosipun:

Sira kabeh ayo padha njaga pira-pira shalat lan mligine shalat Wustha (shalat ‘Ashar), lan ayo padha ngadeg gumregah kagem Gusti Allah bebarengan wong-wong kang pada ngadeg gumregah—nindaki shalat. (QS : 20.Thaha : 132)

Para sedherek, tetiyang ingkang tansah njagi shalat ipun tentu ugi saget nyegah saking sedaya tumindak ingkang jember lan tumindak ala. Jumbuh kalian pangandikanipun Gusti Allah Ta’ala:

اُتْلُ مَآ اُوْحِيَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتٰبِ وَاَقِمِ الصَّلٰوةَۗ اِنَّ الصَّلٰوةَ تَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ ….. ۝

Artosipun:

Wacanen dening sira wahyu (Al-Qur’an) kang wus diparingake marang sira lan ayo sira njejegna shalat, sak yekti shalat iku bisa nyegah saka tumindak kang jember lan ala …… (QS :  29.Al-Ankabut : 45)

Sagung para sedherek jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah.

Mugi Gusti Allah Subhanahu Wa Ta’ala tansah paring ridha lan kekiyatan dhumateng kula panjenengan sahingga saget tansah mbudi daya bangkit saking kawontenan ingkang awon ugi saget nyegah sedaya tumindak ingkang jember lan ala wonten ing wadyaning masyarakat.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْأٰنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ ۝

 Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ۝ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ لَا نَبِيَّ وَلَا رَسُوْلَ بَعْدَهٗ۝ اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى حَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلٰى أٰلِهٖ وَأَصْحَابِهٖ أَجْمَعِيْنَ۝ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِيْمَكُمُ اللهُ أُوْصِيْنِيْ وَ إِيَّاكُمْ بِتَقْوَاللهِ، وَاتَّقُوْااللهَ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ۝ وَاسْمَعُوْا قَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ – أَعَوْذُبِ اللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ – إِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَاالَّذِيْنَ أٰمَنُوا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا۝ اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا طَيِّبًا مُّبَارَكًا فِيْهِ حَمْدًا يُّوَافِيْ نِعَمَهٗ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهٗ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَۢغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ۝ اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى حَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلٰى أٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ أَجْمَعِيْنَ، وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ۝ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ الْعَظِيْمُ الْحَلِيْمُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمُ، لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ رَبُّ السَّمٰوَاتِ وَرَبُّ الْأَرْضِ وَرَبُّ الْعَرْشِ الْكَرِيْمُ ۝ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعْوَاتِ ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمهُمْ كَمَا رَبَّوْنَا صِغَارًا ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدَيْنَا  وَلِمَشَايِخِنَا  وَلِمَنْ دَخَلَ بُيُوْتَنَا  مُؤْمِنًا وَّ لِلْمُؤْمِنِيْنَ  وَ الْمُؤْمِنَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيّٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَّاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا اجْعَلْنَا مُقِيْمِيْنَ الصَّلٰوةِ وَمِنْ ذُرِّيّٰتِنَا رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءِ ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا أَوْزِعْنَا أَنْ نَّشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِيْ أَنْعَمْتَ عَلَيْنَا وَعَلٰى وَالِدَيْنَا وَأَنْ نَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَىٰهُ وَأَدْخِلْنَا بِرَحْمَتِكَ فِيْ عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ، وَ أَصْلِحْ لَنَا فِيْ وَ ذُرِّيّٰتِنَا إِنَّا تُبْنَا إِلَيْكَ وَإِنَّا مِنَ الْمُسْلِمِيْنَ ۝ اَللّٰهُمَّ ارْزُقْنَا رِزْقًا وَّاسِعًا حَلَالًا طَيِّبًا وَّمُبَرَكًا ۝ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَيَسِّرْلَنَا أُمُوْرَنَا أُمُوْرَالدِّيْنِ وَالدُّنْيَا يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ ۞ اَللّٰهُمَّ يَسِّرْلَنَا زِيَارَةَ بَيْتِكَ الْحَرَامِ بِالْحَجِّ وَالْعُمْرَةِ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ ۝ اَللّٰهُمَّ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ ۝  رَبَّنَا أٰتِنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً وَّهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا ۝ رَبَّنَا أٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَّفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارِ ۝ وَصَلَّ اللهُ عَلٰى حَبِيْبِنَا مُحَمَّدٍ وَّعَلٰى أٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ أَجْمَعِيْنَ، يَاعَزِيْزُ… يَاعَزِيْزُ… يَاعَزِيْزُ يَاغَفَّارُ، يَارَبَّ الْعَالَمِيْنَ ۝  وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ ۝ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسٰنِ وَإِيْتَائِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ۝

[1] Penulis khutbah njih punika minangka PAIF KUA Kemantren Kraton Ngayogyakarta.

Leave a Reply